kalimah.top
a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z 0 1 2 3 4 5 6 7 8 9 #

waldjinah – entit كلمات اغاني

Loading...

midering rat angelangut
ragil kuning angupadi
mendrane panji asmoro

kang membo dadi wong tani

sang dyah ayu sru kasmaran
anyaw_ng tegalan sabin

wus namur sang panji
si enthit kang nami
anenggo tegalan, bindheng pisan

ragil kuning ngerti, datan ngerti
mulane yo ndangu si enthit kang lagi tunggu

enthit!

he eh! kaget aku!
jebul kok kowe toh. ragil kuning, ragil kuning!
kowe kok ra ketok_ketok ki nyang ngendi cah ayu?
aku wes rindu lho. cah manis, cah manis!

sing nandur pari kuwi sopo, enthit?

ragil kuning, kuwi sing nandur aku cah ayu
kowe arep po? yen arep pek en kabeh
sukur yen gelem kambi aku sisan, pek en aku!

gemong enthit, aku mung takon wae kok!

enthit!

waduh mateng aku!
ragil kuning, kowe yen nyeluk jenengku ki rasane atiku mak_nyles, mak_nyles!
rak njuk piye?
koyo wong oleh buntutan kae lho!

sing nandur jagung gedhe_gedhe kuwi sopo, enthit?

sing nandur aku, yo wuk yo
pek en kabeh, yo wuk yo
sing nandur, aku yo wuk yo
pek en kabeh, yo wuk yo
angger dijoli

gemong enthit, aku mung takon wae kok!

enthit!

haha, lha lha lha!
opo cah ayu, opo?
kok pijer nyeluk terus iki, sajak ono roso ki
haha, lha lha lha!

sing nandur timun mblenek_mblenek kuwi sopo, enthit?

hiyo aku cah ayu
pek en kabeh, yo wuk yo
hiyo aku cah ayu
pek en kabeh, yo wuk yo
angger dijoli

gemong enthit, aku mung takon wae kok!

enthit!

aduh biyung, aduh biyung!
kowe opo sido gelem tenan toh wuk?

sing nandur kacang dowo dowo kuwi sopo, enthit?

ah prrt! bocah kok crigis!
bocah kok crigis lho!
dikandani aku ki, yo aku!
ora ragil kuning
kowe gelem po ra ngladeni aku sak sungkeman wae, he?

emoh entit, aku wes ono sing duwe kok!
ah mbok gelem
ah mboh moh
ah mung sitik wae kok

mumpung aku isih gelem lho, cah ayu
yen aku emoh, kojur kowe
yen kowe emoh, raiku tak delehke ngendi coba?
yo selehno kono wae toh, enthit

opo soal bondo? yen bondo aku sugih!
opo soal dhuwit?
yen dhuwit, dhuwit ku nganti jamuren kabeh kae lho
yen dhuwit entek, tuku kono! haha, lha lha lha!

gemong_gemong entit, aku mung takon wae kok

si entit atine rumongso di ece
nubruk sang putri, diendani
keno cundrik sekti, babar dadi
dyan panji yo bali. suko reno sak negari

كلمات أغنية عشوائية

اهم الاغاني لهذا الاسبوع

Loading...