kalimah.top
a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z 0 1 2 3 4 5 6 7 8 9 #

indo hitz – sedulur كلمات اغاني

Loading...

hoooo

awake dewe kabeh sedulur

nyawiji siji ing guyub lan rukun
tansah ngajeni lan ngopeni
gugur gunung hanjaga pakerti

sedulur sedulur
aja dha udur yo sing akur

sedulur sedulur
welas asih padha ditandur

asah tanpa amarah
asih tanpa pamrih
asuh supaya tuwuh
pasedulurane kukuh

sing wuta dituntun
yo dha padha mlaku bareng
sing lempoh dijunjung
merga jagade peteng

yen liyane ngumbar angkara
ben dhewe milih nyebarke tresna

jo dipikir, jo, jo, dipikir
warna kulit agama, guyub rukun tepaslira

yo dho mikir, yo, yo, dho mikir
crah gawe bubrah, rukun gawe sentosa

sedulur sedulur
aja dha udur yo sing akur

sedulur sedulur
welas asih padha ditandur

menang dadi areng
kalah dadi awu
marang sedulur
rasah dha padu

ora sanak – ora kadang
yen mati melu kelangan
agegaman kamanungsan
migunani tumraping liyan

bedha guru aja nesu
bedha bapa ora papa
sing penting tunggal tinemu
bedha iku kodrate menungsa

awake dewe kabeh sedulur
nyawiji siji ing guyub lan rukun
tansah ngajeni lan ngopeni
gugur gunung hanjaga pakerti

sedulur sedulur
aja dha udur yo sing akur

sedulur sedulur
welas asih padha ditandur

كلمات أغنية عشوائية

اهم الاغاني لهذا الاسبوع

Loading...